速報APP / 音樂與音效 / Undar Andir Bawono Radio

Undar Andir Bawono Radio

價格:免費

更新日期:2018-08-16

檔案大小:3.6M

目前版本:1.0

版本需求:Android 4.0 以上版本

官方網站:http://undarandirbawonofm.com

Email:prass.bpm@gmail.com

聯絡地址:Jalan Mulawarman No. 33 RT XIII Sukarame Tenggarong Kutai Kartanegara Kalimantan Timur 75514

Undar Andir Bawono Radio(圖1)-速報App

Angleluri Laksita Harja Nulad Edi Endahing Budaya Jawi

Gya siniram hangganya SangPutri, Tirta wening kang amawa cahya, Beborèh rekta warnané, Ginosokhangganipun, Sinarengan mantra kang mijil, Larut memalanira, Ngaléla dinulu,Watak setya tinarbuka, Tangguh tanggon teguh tumanggaping kardi, Santosa budinira.

Sumamburat cahyanya nelahi,Ngégla cetha katon angaléla, Datan sisip pamawasé, Langking beborèhipun, Pujiharja mijil pangèsthi, Prawira watakira, Luhur budinipun, Tuhu tresna mringsasama, Luluh lulus lila legawa tan lali, Kalis ing sambékala.

Undar Andir Bawono Radio(圖2)-速報App

Angenguwung malengkung kaèksi,Gilar-gilar sumunar ing warna, Mancorong jenar urubé, Warna jenar puniku, Wataksabar ingkang pinanggih, Utama lan narima, Waspadèng pandulu, Mardu mardawamicara, Mawuhara tata, titi, tatas, titis, Dadya tepa tuladha.

Katon padhang sumilaking warni, Surya, candra, daru lan kartika, Dadya sajugasoroté, Beborèh warna biru, Setya tuhu ajrih lan asih, Tresna marang sudarma,Bekti watakipun, Trap susila anuraga, Datan sisip nggènira manembah Gusti,Bagya mulya sinedya.

Ganda arum ingkang angebeki,Warna-warna warnining kang sekar, Katingal wening tirtané, Wungu beborèhipun,Mengku werdi ingkang sejati, Lega lila ing nala, Éklas watakipun, Wahyu mulyakang sinedya, Bagus alus tulus lair trusing batin, Mulya tekèng delahan.

Undar Andir Bawono Radio(圖3)-速報App

Werdi agung pralambangingurip, Amancurat cahya kang katingal, Warna séta beborèhé, Langgeng nggènnyaamengku, Datan wudhar dènnya angèsthi, Manembah Maha Nata, Gusti Maha Agung,Netepi jejering titah, Amung pasrah-sumarah ngarsa Hyang Widhi, Sandika ngèstupada.

Paripurna nggènira sesuci,Siram jamas reresik sarira, Kang minangka pungkasané, Wilis beborèhipun,Wicaksana wataking jalmi, Kéblat panembahira, Pana ing pandulu, Cinaketan mringHyang Suksma, Lekasira pantes tinulad sasami, Purwa madya wasana.